Langit


Langit

Dening KRISHNA MIHARDJA


Pangrasaku, kowe mung malengkung ing waliking gunung

Kadhangkala mung mumbul sakeng waliking grumbul

Nanging, dakluru datan ketemu
Tepak-tepak tumanceping sikilmu
Tilas agaris-garising panguwasanmu

Birumu cedhak ing panyawang adoh ing pangangah
Ing endi aku bisa nyenggol cahyamu
Aneng pucuking gunung pertapan
Aneng mustakaning sanggar pamujan
Aneng pucuking cecandhen
Apa aneng ati nalika sepi

Birumu kasat mripat nanging tan kena karegem ati
Kamangka waktu terus gingsir gumanti
Lan pati iku tekane mesthi
Banjur kapan aku bisa
Nyenggol cahyamu




Godean, akhir taun ‘92

PAGAGAN, No. 7, 18 April 1993

Komentar